Bagaimana cara ekstraksi yang sesuai EYD?

Ceritane ngene, wis telung ndino iki awakku ngeringno ekstrak seko sempelku. sajakno sih sempele gampang, mek sakuprit koyok upil sing mbok klumpukno limang wulan. lha iyo, bobote mek 10 gram. tapi ping telu. dadine 30 gram. yo, itung dewe sek, sedino iso nglumpukno pirang miligram upil…

tapi, sempelku duduk upil. sempelku iku kulite telo. soale kulit manggis wis ono ekstrake. lha kulite telo durung ono. dadi iki kate tak analisa, opo sempelku podo karo kulit manggis.

jan-jane sih gampang lek ngekstrak iku. prinsip gobloke sih ora iso dipadakno karo wong lanang karo wong wedhok. lek wong lanang seneng wong wedhok, lek wedhok senengane blonjo. ga koyok ngono lek kate ekstraksi.

prinsipe ekstraksi iku koyok wong homo. lek jarene kitab boso inggris, like dissolve like, lek diboso jawakno dadi Seneng nglarutno seneng. mudheng ga? aku yo ga mudeng. hahaha.

Jan-jane artine iku Polar nglarutno polar. duduk polar bear loh yo. opo maneh polar sing digae ndek kirek. (eh, iku collar ding). contohe banyu iku polar. minyak iku duduk polar. uyah iku asin, gulo iku legi, lan podo2 polar. dadi, uyah iku gampang larut ndek banyu. mergone podo-podo polar. lha, dadi duduk homo donk? embuh lah.

saiki lek awakmu kate njupuk senyawa (se-nyawa, sak-ny0wo, sing marakno kasil, sing marakno dadi, ngawur!) delok disek sing arep mbok jupuk iku opone. lek senyawamu mbok kiro polar, yo dadi goleko pelarut sing polar. sing polare rodo gede yo apik. dadi gandengane iso akeh. #eh.

Terus, kok EYD iku maksude opo e? EYD iku kepanjangan dari pEraturan Yang Disempurnakan. ngerti ga?

hahahaa…

sek-sek, contohe pelarut sing biasane digae iku opo ae?

sing paling sering digae iku methanol. mergane apik kasile, tur murah. ono maneh acetone. iku yo apik, polaritase kayake luwih gedhe seko methanol. tapi larang. iso maneh karo hexane. tapi dicek maneh, hexane ngko iso nglarutno opo ae.. aku yo ga mudeng. hahahaha…

carane piye?

carane akeh. ono sing jenenge maserasi. maserasi iku ngekum sempel ndek pelarut sing kabehe akeh. dadi ono perbandingan sempel karo pelarut. akeh jurnal sing nulis 1:20, 1:60, 1:5. tapi terserah awakmu. mung lek didelok, dadi entek akeh..

cara liyane sing murah iku perbandingan sempel karo pelarut seimbang. maksude, kabeh sample iso kecelup nang pelarut. iso 1:2 utowo 1:1. terus dikum pirang menit (ato pirang jam lek ga yakin seh., hahahha), trus diperes, trus ditambahi pelarut maneh, sakmarine pelarut lawas diklumpukno. iso ping pindo, tapi luwih apik ping 3 lek ga salah. sakkarepmu. hahahha… dadi sakmarine dikum, pelarut diwadahi panggon liyo, tambahi pelarut maneh nang sempel, dikum maneh.

ngono iku carane sing diajari karo pak guruku..

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top
x  Powerful Protection for WordPress, from Shield Security
This Site Is Protected By
Shield Security